Jumat, 23 September 2011

PENERIMAAN KEMANTEN

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ للهِ الذى خُلَقَ مِنَ الْمَاءِ بَشَرَا فَجَعَلَمَهُ نَسَبًا وَصِهْرًأ. وَكَانَ رَبُّكَ قَدِيْرَا وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ الْخَلْقِ وَالْوَرَى. وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ صَلاَةً وَسَلاَمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ. فَلاَ حَوْلَ وَ لَ قُوَّةَ اِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ.
Poro Bapak, poro Ibu Shoho sedoyo tamu undangan walimatul Ursy ingkang kawulo mulya’aken. Mboten kesupen dumateng sedoyo poro pengantar kemanten ingkang kawulo hormati. Shoho poro hadirin lan hadirot ingkang kulo hormati.

Wonten ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Shohibul Hajat utawi ingkang kagungan dalem, langkung rumiyin kulo nglahiraken puji lan syukur dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat Taufik shoho Hidayah dumateng kito sedoyo. Sehinggo kito saget keroyo-royo, guyub lan rukun, sami rawuh wonten ing dalemipun Bapak Hamid puniko, kanthi kawontenan ingkang sehat wal afiat.
Shoho Rohmat lan Salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi besar Muhammad SAW. Ugi dumateng poro ahli keluarga lan poro sohabatipun, mugi-mugi atas kerawuhan kito sedoyo ing saat meniko andadosaken sababiyahipun kito mbenjang pikantuk syafaatipun kanjeng Nabi. اَمِيْنَ يَا رَ بَّ الْعَا لَمِيْنَ

Poro Rawuh Ingkang Kulo Hormati
Wonteng ing mriki kawulo minongko wakilipun Bapak Hamid ingkang kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh, dumateng poro tamu-tamu sedoyo, sami ugi sangking undangan walimatul Ursy, utawi poro pengantar kemanten. Dene punopo panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapak Hamid sekeluarga boten kesupen Bapak Hamid sekeluarga ngaturaken.
مَرْ حَبًا أَهْلاً بِحُضُوْ رِ كُمْ
Ingkang kaping kalih Bapak Hamid sekeluargo nyuwun agunging pangapunten dateng hadirin sedoyo mengenai kekirangan sangking segi nopo kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan, shoho poro sinoman ingkang sami leladen, lan monggo hidangan ingkang sampun kasediaaken meniko kito ni’mati utawi kito dahar kanthi dipun kawiti mawi upacara Bismillahirrahmanirrahim. Monggo dipun dahar sa’wontenipun.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati !
Sa’lajengipun kolo wahu Bapak wali utawi tiang sepuhipun penganten putri sampun masrahaken putro-putrinipun, dumateng keluarga mriki, khusus ipun dumateng Bapak Hamid selaku tiang sepahipun penganten putri inggih puniko ingkang asmo sederek Hindun. Pramilo ing mriki kanti raos maremipun penggalih shoho bingahipun manah, shoho kanti ucapan Alhamdulillah, penyerahanipun kolo wahu kulo trami kalean asto kaleh. lan langsung mulai saat meniko kemanten kaleh kolowahu kulo akehi dados putro kulo kiambak lan dados keluarga kulo. Shoho kulo nyuwun tambahi doa restu. Mugi-mugi kulo selaku tiyang sepuh mriki, sageto mendidik shoho ngopeni dateng putro kaleh kolowahu, sehinggo saget membentuk rumah tangga ingkang bahagia, sejahtera, maslahah lan barokah dibawah naungan ridho Alloh SWT. Amien.


Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang terakhir mbok bilih acara meniko mangke sampun paripurno, menawi panjenengan wonten ingkang kerso jagong, kawulo inggih nyumbanggaaken, ugi malah matur nuwun. Dene menawi terus kundur kawulo mboten saget nyangoni menopo-menopo, namung saget ndonga’aken, mugi-mugi kundur panjenengan saking griyo mriki, ngantos dumugi dalemipun piyambak-piyambak, kalian Alloh dipun paringi wilujeng, mboten wonten alangan punopo Amien.
Akhiripun kangge kulo, kulo cekapi semanten kemawon, kirang langkungipun anggen kulo matur, sedoyo kelepatan kulo, kulo nyuwun agunging pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته


Saking : http://www.4shared.com/document/PVRvkFYQ/pidato_bahasa_jawaby_woco_wang.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar