Jumat, 23 September 2011

WALIMATUL MAULID

اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ الَّذِيْ خَلَقَ اْلاِنْسَانَ مِنْ طِيْنٍ. وَقَدَّرَ سَعَاادَةُ وَشَقَا وَتَهُ وَرَزَقَهُ وَاَجَلَهُ وَهُوَ فِى قَرَرِ مَكِيْنٍ. وَاَخْرَجَهُ مِنْ بَطْنِ اُمِّهِ وَهُوَ لاَ يَعْلَمُ بِشَيْئٍ مُبِيْن. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ اَفْضَلِ الْخَلْقِ اَجْمَعِيْنَ وَعَلَى اَله وَاَصْحَا بِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْ الدِّيْن امّا بعد
Poro Bapak poro Ibu, hadirin, hadirot ingkang kulo mulya’aken !
Sa’derengipun kulo matur nopo ingkang bade kulo aturaken mangke, sepindah monggo kulo lan panjenengan sedoyo, samio nglahiraken rasa puji syukur dateng ngarsanipun Alloh, kang Maha Kuasa kanthi ucapan Alhamdulillah.
Dene menopo wonten ing saat meniko, Alloh sampun paring pinten-pinten rahmat, taufiq, dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo panjenengan sedoyo saget karoyo-royo bucal tempo ninggalno griyo, ninggal bondo lan rojo koyo, saget ngrawuhi undanganipun Bapak Ahmad sakeluarga. Dene menopo wonten ing saat puniko, Bapak Ridhwan nampi ni’mat sangking ngarsanipun ingkang Maha Kuoso, ingkang arupi kelahiran sang putro, ingkang lahiripun kanti keadaan wilujeng, boten wonten satunggal alangan punopo.
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo, dene kulo panjenengan dipun rawuhaken wonten ing dalem meniko, boten sanes dipun suwuni tambahipun barokah dugo mugi-mugi putri ingkang tembih lahir puniko, sagedo dados putro ingkang berguna migunani tumraping masyarakat, bangsa lan agama. Amien.
Poro hadirin ingkang kulo hormati !
Dene bayi ingkang nembeh lahir ing saat meniko dipun paringi tetenger, utawi dipun paringi asmo “Zainul Haqqi” (contoh) pancen sampun dadaos kewajibanipun tiang sepuh, meniko menawi kagungan putro, kedah pareng asmo ingkang sahe, shoho paring pendidikan-pendidikan dateng putronipun kados ingkang dipun dawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW
حَقُّ الْوَالِدِ عَلَى وَلَدِهِ اَنْ يُحْسِنَ اِسْمَهُ وَاَدَ بَهُ وَاَنْ يُعَلِّمَهُ الْكِتَابَةَ وَالسِّبَا حَةَ وَالرَّ مَايَةَ وَاْنْ لاَ يَرْ زُقَهُ اِلاَّ طَيِّبًا وَاَنْ يَزَوِّ جَّهُ اِذَا اَدْرَكَ
Ingkang artosipun :
“Haq utawi kewajibanipun tiang sepuh dumateng putranipun inggih meniko :
Kedah paring asmo utawi nami ingkang sahe
Kedah mbagusi dateng adabipun
Kedah mulang nyerat utawi nulis
Kedah mulang dateng renang utawi nglangi
Kedah mulang dateng manah utawi nembak
Kedang paring rizki ingkang halal
Kedah ngrabekaken/nikahaken menawi sampun dewasa utawi menawi sampun ketemu jodohipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Kejawi keterangan wonten ing nginggil kolo wahu bilih anak meniko amanatipun Alloh ingkang dipun titipaken dumateng kito sedoyo, ingkang mbenjang wonten akhirat kito dipun suwuni pertanggung jawab. Tegesipun kito dipun dangu kados pundi anggen kito ngramut dateng putro kito. Menawi didikan kito meniko sahe, kito inggih dipun bales sahe dening Alloh, shoho putro ingkang sholeh meniko saget dados amal jariyahipun tiyang sepuh, menawi sampun sedo. Dene menawi anggen kito didik putro meniko awon, meniko kito inggih pikantuk sikso sangking ngarsanipun Alloh kanjeng Nabi dawuhaken.



إِذَا مَاتَ إِيْنُ أَدَمَ إِنْقَطَعَ عَمَلُهُ اِلاَّ مِنْ ثَلاَ ثٍ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ اَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ اَوْوَلَدٍ صَا لِحٍ يَدْ عُوْ لَهُ
Ingkang artosipun :
“Naliko Ibnu Adam (Manungso) meniko sampun sedo/wafat mangko putus sedoyo ngamalipun kejawi saking tigang perkawis. 1. Sodaqoh, 2. Ilmu ingkang manfaat 3. Putro ingkang sholeh, ingkang ndongaaken dateng Ibnu Adam kolo wahu (utawi tiang sepahipun)“
Poro rawuh ?! pramilo lewat kesempatan meniko, kulo ngajak dateng panjenengan sedoyo, monggo putro-putro kito meniko kito didik ingkang sahe kito wulang dateng ilmu agomo, supados benjang dados lare ingkang sholeh, minongko dados amal jariyahipun kito sedoyo.
Kejawi saking meniko ugio saget nerusaken perjuangan kito sedoyo, supados kejayaan Islam lan kemulyaan Islam ing masa mendatang saget tetep gilang gemilang. Amin.
Poro rawuh
getuk menopo gedang goreng ?
Sampun ngantuk menopo dereng ?
Kintenipun cekap semanten atur kawulo, menawi lepat nyusun pangapuro.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

Saking : http://www.4shared.com/document/PVRvkFYQ/pidato_bahasa_jawaby_woco_wang.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar